Kamis, 26 Juli 2012

Pidato Pernikahan Bahasa Jawa


Pidato Pernikahan Bahasa Jawa

Assalamu'alikum Wr.Wb.

Panjenenganipun para sesepuh,para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman, ingkang pantes pinundhi saha kinabekten,punapa dene pengjenenganipun panjenenganipun kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga murdhaning akrami

Khanti pepayung budi rahayu sah hangunjukaken raos suka syukur dhumateng gusti,"mugi rahayuha sagung dumadi",tansah kajiwa lan kasalira dhumateng panjenengan sadaya hangkuberana dhumateng kawula
Amit oasang aliman tabik,mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik,dene kawula cumanthaka marak mangarsa hanggempil kamardi kan panjenengan inngkang katemben wawan pangandikan,inggih awratipun hamestuti jejibahan luhur kula pinji. Minangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bp............sekalihan
panjenenganipun Bp........sekalihan garwa(ingkang mengku gati) ingkang pantes katuran sangunging pakurmatan,kula pinangka sulih sarira saking panjenengenipun Bp........sekalihan,ingkang sepisan;ngaturakeun salam taklim mugi katur wonten ngarsa panjenengan,sumarambah para kulawarga samudayanipun.

Jangkep kaping kalih;ing nguni sampun wonten pirembagan,ingantawisipun Bp.......... sekalihan,hanggadhahi putra kakung kekasihpun Bg.........kaliyan Bp.........sekalihan garwa (lingkang mengku gati)hanggadhahi kenya sesilih Rr.........

Gumulonging pirembagan nedya hangraketaken balung pisah daging arenggang,bebasan ngebun-ebun enjang ajejawah sonten ndhodhok latar ndhodhog lawang sumedya nginang jambe suruhe kanthi atur makaten karena sampun jumbuh anggenipun pepetangan saha sampun manunggal cipta,rasa miwah karsa,ingkang punika saking angenging manah panjenengenipun Bp......... sekalihan,anggeniupn katampi panglamaripun pramila inng kalengahan punika ngaturaken saran miwah upakarti pinangka jangkeping tatacara salaki rabi

Weondene ingkang badhe kaaturaken wonten kaarsanipun Bp.......... sekalihan garwa inggih pnika;
sanggan,saha majemuk ingkang sampun wonten wujudipun,kanthi pangajabing sadya dadosa sarana sahipun sesanggeman miwahb rake ting kekadangan,saengga mboten sa'aged pisah lami-laminipun.
kasoking katresna Bp......... sekalihan garwa,ing mriki badhe ngaturaken malih ingkang awujud.................. ing pangajab pinangka agemanipun badhe/calon panganten putri.

Mboten kakilapan Bp...................sekalihan ngaturaken redana wujudipun art,keinginga darnel ngentheng-enthengi anggenipun Bp........... sekalihan garwa (ingkang mengku gati)netepi darmaning sepuh harmiwaha putra mahargya siswi. Kajawi punika panyuwunipun Bp.........sekalihan,ing benjang menawi sampun dumugi titiwanci tumapaking gati,mugi calon panganten kaijabna saha kapanggihna anut satataning agami miwah adat widhiwidana ingkang sampun lumampah wonten ing mriki.

Minangka pungkasening atur,hambok bilih Bp...........sekalihan anggenipun ngaturaken sarana dalah upakarti wonten kakirangannipun,mawantu-wantu nyuwun angenging samodra pangaksamisumamnten ugi kula minangka sulih sarira saking panjenengenipun Bp..........sekalihan,menawi wonte gonyak ganyuking wicara miwah kiranging suba sita ingrah tatakrami,kawula nyuwn sihing samodra pangaksami.
Akhiru kalam billahi taufik wal hidayah.

Wassalamu'alaikun Wr.Wb. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar